CLICK HERE FOR FREE BLOGGER TEMPLATES, LINK BUTTONS AND MORE! »

Pesan

Assalamu'alaikum Wr. Wb.

Selamat Datang di Blog Siti is Sitong!
Semoga bermanfaat.
Terima kasih.

Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Jumat, 28 Oktober 2011

Pidhato Basa Jawa

Mengeti Dinten Bhumi
Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Salam sejahtera kagem kita sedaya.
Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kinurmatan,
saha Bapak Ibu Guru ingkang kula urmati, tuwin rencang-rencang sedaya ingkang kula tresnani.
Ingkang kaping setunggal, sumangga kita sami-sami ngaturaken puja lan puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun ngluberaken rahmat sarta hidayah dhumateng kita sedaya, dene kula lan panjenengan sami saged makempal wonten ing aula SMA Negeri 1 Magelang punika.
Kula aturaken agenging panuwun dhumateng para rawuh ingkang sampun nglonggaraken wekdal kersa ngrawuhi undangan ingkang sampun lumantar dhumateng panjenengan wonten adicara pengetan dinten Bumi punika.
          Para Bapak, para Ibu, sarta rencang-rencang ingkang satuhu bagya mulya, dinten Bumi inggih punika dinten ingkang dipunpengeti dening pendhudhuk bumi supados nggatosaken dhumateng bumi. Dinten Bumi dipunpengeti ing tanggal 22 April. Gagasan mengeti dinten Bumi ingkang kaping sepisan dipuncanangaken dening senator Amerika Serikat, Gaylord Nelson, ing taun 1970.
          Pendhudhuk bumi sakpunika kathah ingkang mboten menggalihaken wigatosipun ngupakara kaliyan ngreksa lingkungan. Pengetan dinten Bumi umumipun dipuntindakaken kegiatan-kegiatan mbucal sampah ing panggenanipun, penghijauan kanthi nanem setunggal yuta uwit, tuwin ngirangi emisi gas ingkang saged dados polusi. Ananging, kesadaran pendhudhuk awit wigatosipun ngupakara lingkungan, taksih kirang. Kegiatan ngupakara lingkungan saenipun mboten namung dipuntindakaken ing tanggal 22 April, ananging ugi ing dinten-dinten liyanipun.
            Para Bapak, para Ibu, sarta rencang-rencang ingkang satuhu bagya mulya, dipunbetahaken upaya kagem nuwuhaken kesadaran pendhuduk ing bab lingkungan. Mangertos bebaya ingkang dipundamel amargi dedamel rerisak ing bumi kedah damel kita sedaya sadar ugi nggatosaken dhumateng lingkungan. Bumi ingkang sae, ugi kagem saenipun panggesangan makhluk hidup ing bumi punika.
          Para Bapak, para Ibu, sarta rencang-rencang sedaya, wigatosipun ngupakara ugi nngreksa lingkungan wonten ing Bumi punika  mujudaken lingkungan ingkang sae kagem kita sedaya. Kita boten pareng damel rerisak ing bumi, amargi bumi punika kedah dipunupakara.
          Para Bapak, para Ibu, sarta rencang-rencang sedaya, cekap semanten ingkang kula aturaken. Mbokbilih kathah ingkang kirang mranani penggalih panjenengan, kula nyuwun pangaksami. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar